Senin, 14 Januari 2013

TEKS PIDATO JAWA

PENDIDIKAN WONTEN ING JAMAN REFORMASI
    (Dening : Melan Kusumandari)
   
Ass.
    Bapak/Ibu dewan juri ingkang kinurmatan,
    Bapak/Ibu pendamping ingkang kawula hormati,
    Saha para kanca ingkang kawula tresnani
      Langkung rumiyen mangga Kita ngunjukaken syukur dhumateng Gusti Allah SWT,ingkang sampun paring rahmat lan hidayahipun,sakhingga Kita saget kempal manunggal wonten ing papan punika kanthi pinaringan karohmatan lan kabagaswarasan.
    Bapak-bapak,Ibu-ibu,lan para sederek sadaya ingkang kinurmatan
        Sakderengipun,kula aturaken agunging panuwun awit kesempatan inkang kaparingaken.Nderek nepangaken kula Melan Kusumandari saking SMA N 1 Pengasih, badhe paring unen-unen babagan”Pendidikan wonten Ing Jaman Reformasi”.
      Sampun kula lan panjenengan mangertosi bilih para muda menika pindho cagakipun bangsa lan nagari.Mekaten saget pun aturaken bilih tanpa para muda nagari menika saget rubuh lan gampil dipun serang mungsuh.

    Kanca-kanca ingkang kawula tresnani,
      Kita menika kalebet para muda inkang nembe pasinaon.Tugas kita inggih menika sinau.Awit menawi kita sinau,kita saget mangertosi pinten-pinten perkawis lan kita ugi saget mapanaken pribadi kita piyambak,mboten gampil goyah,lan pitados kaliyan diri pribadi kita piyambak.
    Sagunging para rawuh ingkang kinurmatan
      Ilmu pendidikan perlu pun tanem wiwit alit.Amargi manungsa mboten naming nggadahi pasugihan kemawon,ananging ugi nindakaken tugas-tugas sanesipun.Awit saking menika ilmu pendidikan ingkang nggatosaken kamanungsan dados wigatosanipun manungsa punika piyambak.Tegesipun saget dados manungsa ingkang langkung manusiawi,njunjung budaya,lan anggadahi watak tepo sliro.
      Ki Hajar Dewantara nate nyebataken bilih pendidikan menika nyangkut kognitif, afektif,lan konatif.Utawi asring pun sebat pendidikan nalar,manah,lan tumindak.
      Menawi kalawau saget kawujud,kamardikan Indonesia ingkang pun usung dene para pahlawan rumiyen saget nyiptakaen negari ingkang majeng lan SDM ingkang nggadahi kualitas,saengga ndadosaken SDA kaolah kanthi sak saenipun.
    Bapak-bapak,Ibu-ibu,lan sederek sadayo ingkang kinurmatan
      Wonten ing jaman globalisasi komunikasi lan teknologi menika,manungsa asring anggadahi watak individualis.Para muda”edan teknologi”saengga angginaaken wonten ing bab ingkang sakmestinipun.
    Sagunging para rawuh ingkang kinurmatan
      Saking pangertosan ing nginggil saget Kita pendhet kesimpulanipun,inggih menika ing jaman reformasi,Kita warga negari Indonesia mestinipun migunakaken wekdal punika kanthi sregep sinau,menggalih ingkang rasional,tanggung jawab,sarta njagi bangsa lan negari,ing ngantos majengaken pendidikan inkang pun idamaken dening para pahlawan lan sedanten tiyang Indonesia.
    Bapak-bapak,Ibu-ibu,lan sederek sadayo ingkang kinurmatan
      Mekaten ingkang saget kawula aturaken,mugi-mugi wonten manfaatipun. Kirang langkungipun nyuwun agunging pangapunten.
   
Was.
   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar