Senin, 14 Januari 2013

ATUR SABDATAMA

SABDATAMA

(Melan Kusumandari)
    Assalamu’alaikum Wr.Wb
    Kawula nuwun,kalawau kadang pranatacara nyebataken bilih kula ingkang badhe paring sabdatama utawi ular-ular wulang utami dhuma teng temanten sarimbit.Pancenipun dereng darajat menawi kula paring sabdatama,jer tembung Sabda mekaten,boten wonten ingkang pantes hangagem,kajawi namung Pangeran ingkang dados tuking samukawis,mandhapipun dhateng salah satunggaling Raja ingkang nembe siniwaka.Mbok menawi tembung sabdatama ing riki,mengku teges wulang utami dhedasar sadaya Sabda-sabdaning Pangeran,ingkang sampun kawahya ing sadaya serat-serat suci.
    Sanadyan kanthi awrating manah,karana ing mriki kathah ruwuhipun para sedherek para pepundhen,para sesepuh,pinisepuh,saha para wasis babagan wulang utami,parikedah boten saget hambantah,minangkani pamundhutipun ingkang hamengku  gati,sawatawis suka wawasan ing babagan prayoganing bebrayan,jer nyantanipun sanadyan langkung wasis tuwin pinter anakmas temanten sekaliyan menawi kaliyan kula,nangig tumraping gesang patembayatan bebrayan,saestu langkung rumiyen Kula.Mbok menawi menika ingkang kangge gada supados kula kapeksa suka wawasan tumraping gesang patembayatan bebrayan enggal.

TEKS PIDATO JAWA

PENDIDIKAN WONTEN ING JAMAN REFORMASI
    (Dening : Melan Kusumandari)
   
Ass.
    Bapak/Ibu dewan juri ingkang kinurmatan,
    Bapak/Ibu pendamping ingkang kawula hormati,
    Saha para kanca ingkang kawula tresnani
      Langkung rumiyen mangga Kita ngunjukaken syukur dhumateng Gusti Allah SWT,ingkang sampun paring rahmat lan hidayahipun,sakhingga Kita saget kempal manunggal wonten ing papan punika kanthi pinaringan karohmatan lan kabagaswarasan.
    Bapak-bapak,Ibu-ibu,lan para sederek sadaya ingkang kinurmatan
        Sakderengipun,kula aturaken agunging panuwun awit kesempatan inkang kaparingaken.Nderek nepangaken kula Melan Kusumandari saking SMA N 1 Pengasih, badhe paring unen-unen babagan”Pendidikan wonten Ing Jaman Reformasi”.
      Sampun kula lan panjenengan mangertosi bilih para muda menika pindho cagakipun bangsa lan nagari.Mekaten saget pun aturaken bilih tanpa para muda nagari menika saget rubuh lan gampil dipun serang mungsuh.