Senin, 14 Januari 2013

ATUR SABDATAMA

SABDATAMA

(Melan Kusumandari)
    Assalamu’alaikum Wr.Wb
    Kawula nuwun,kalawau kadang pranatacara nyebataken bilih kula ingkang badhe paring sabdatama utawi ular-ular wulang utami dhuma teng temanten sarimbit.Pancenipun dereng darajat menawi kula paring sabdatama,jer tembung Sabda mekaten,boten wonten ingkang pantes hangagem,kajawi namung Pangeran ingkang dados tuking samukawis,mandhapipun dhateng salah satunggaling Raja ingkang nembe siniwaka.Mbok menawi tembung sabdatama ing riki,mengku teges wulang utami dhedasar sadaya Sabda-sabdaning Pangeran,ingkang sampun kawahya ing sadaya serat-serat suci.
    Sanadyan kanthi awrating manah,karana ing mriki kathah ruwuhipun para sedherek para pepundhen,para sesepuh,pinisepuh,saha para wasis babagan wulang utami,parikedah boten saget hambantah,minangkani pamundhutipun ingkang hamengku  gati,sawatawis suka wawasan ing babagan prayoganing bebrayan,jer nyantanipun sanadyan langkung wasis tuwin pinter anakmas temanten sekaliyan menawi kaliyan kula,nangig tumraping gesang patembayatan bebrayan,saestu langkung rumiyen Kula.Mbok menawi menika ingkang kangge gada supados kula kapeksa suka wawasan tumraping gesang patembayatan bebrayan enggal.

    Panjenenganipun para pepundhen,para sesepuh,pinisepuh,punapadene panjenenganipun para tamu ingkang satuu luhuring budi kaparenga sami paring pangestu dhumateng kula,supados saget dumugining purug anggen kawula hamakili panjenengan sadaya,suka wawasan tumrap theg kliweripun patembayatan bebrayan enggal.
    Anakmas temanten sarimbit.
    Gegaran gesang bebrayan enggal punika salah satunggaling kedah nindakaken pakarti gangsal prekawis ingkang sinebat Malima.Malima ing mriki saking tembung:mlumah,mengkurep,modot,mlebu, lan metu.
    Mlumah tegese nglumahaken tangan utawi kridha lumahing asta tegesipun dados tiyang gesang wonten madyaningbebayan agungpunika aja seneng ngathung,utawi nggadhai watak ingkang remen njagekaken dhateng pawewehing liyan.Punika pakarti ingkang mboten sae.
    Mengkurep punika ngurepaken asta.tegesipun dados tiyang gesang wonten madyaning bebrayan agung punika senenga paweweh marang liyan sing tanpa pamrih.Senenga tetulung marang sapa wae sing mbutuhake pitulung,nanging aja nganti diweruhi dening wong akeh.Upama nindhakake dana driyah,tangan tengen menehi dhuwit,paribasan tangan kiwa aja nganti weruh.
    Modot punika modot pikirane,modot nalare,tegesipun dados tiyang tumitah wonten ing alam donya punika kedah tansah mbudidaya murih undhaking kawruh,dimen jember wawasanipun.
    Mlebu tegesipun sadaya kawruh utawi tumindak ingkang lerekipun dhateng kasaenan,kedah katampi saha dipun lebetaken dhateng manah utawi sanubari,minangka dados gegebenganipun tiyang gesang bebrayan.
    Metu tegesipun sadaya kawruh utawi tumindak ingklang sae ingkang migunani dhumateng bebrayan agung,kedah dipun tularaken dhateng tiyang sanes.
    Hambok bilih namung semanten kemawon anakmas temanten,menggah anggen kula suka wawasan saha nularaken ing babagan wulang utaming bebrayan.Dene menawi kirang terang lan gamblang,sadaya wau kekurangan kawula mugi panjenengan sadaya saged angapura.mekaten kemawon,atur kula,
    Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

1 komentar: